Wilujeng Rawuh wonten ing Blog kulo........

Dumateng para pandemen budaya Jawi, mliginipun bab Protokoler Jawi utawi Pambiwara, wonten Blog kulo samangke badhe kulo andharaken babagan Pambiwara ingkang leres lan pas kaliyan papan utawi panggenan, kanthi basa ingkang simpel ananging mboten ngurangi isi utawi bobotipun.
Sumber ingkang kulo pendet inggih meniko saking Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kaliyan Pura Mangkunegaran, ingkang kala semanten sampun dipun teliti kaliyan Bp. Ir. Hary Murcahyanto, M.Hum

Kamis, 10 November 2011

URUT – URUTANING LAMPAH UPACARA PANAMPINING PANINGSET / LAMARAN saha IJAB QOBUL


URUT – URUTANING LAMPAH UPACARA
PANAMPINING PANINGSET / LAMARAN saha IJAB QOBUL


Rr. APRILIA MUSTIANINGSIH
Bp/Ibu Mustaqim
Mantung, Sanggrahan, Grogol, Sukoharjo
Bg. Minandar Riyadi
Bp/Ibu Suparjo
Kaling, Tasikmadu, Karanganyar

Dinten piniji / Surya kaping       : Sabtu wage, 12 Desember 2009
Wanci tabuh                               : 19.00 WIB
Mapan ing                                  : Mantung, Sanggrahan, Grogol, Sukoharjo


No
Jam
Adicara Lamaran / Paningset (Paraga)
1
18.00
1.   Sadaya uborampe sasampuna sumadiya
2.   Ingkang hamengku gati sampun siyaga ing damel
3.   Gara swara wiwit mungel

2
18.30
1.   Para kridha darma kasuwun sampun rawuh
2.   Bp/Ibu Hari Parmono, mranata jumenengipun para hamong tamu

3
18.45
1.   Rawuhipun rombongan  Badhe Temanten Kakung rawuh, kapratitisaken dening Bp/Ibu. Ir. Hari Murcahyanto
2.   Gendhing  ................................ kapiyarso.

No
Jam
Adicara Ijab Qobul (Paraga)
1
18.50
Para ingkang kasuwun hanyengkuyung upacara sampun rawuh. Ingkang mapag Bapak Penghulu sampun bidal

2
19.00
Bapak Penghulu rawuh kalajengaken Ijab.
Ingkang ngijabaken / nikahaken         : Bp. Penghulu
Pinongko wali                                    : Bp. Mustaqim
Pinongko seksi                                   :
                  Temanten Putri                 : Bp. Murdiyoso
                  Temanten Kakung            : .......................................
Maos Do’a nikah                                : Petugas KUA Kec. Grogol
Nganti badhe temanten putri             : Ibu. Ita Saptono
                                                           : Ibu Mulyan Suhadi
Ngatur Palenggahan                           : Bp. Yusuf                

3

Paripurno Adicara Ijab Qobul


LAMPAH – LAMPAH UPACARA
PAWIWAHAN DHAUPIPUN PUTRA TEMANTEN

Rr. APRILIA MUSTIANINGSIH
Bp/Ibu Mustaqim
Mantung, Sanggrahan, Grogol, Sukoharjo
Bg. Minandar Riyadi
Bp/Ibu Suparjo
Kaling, Tasikmadu, Karanganyar

Dinten piniji                                 : Sabtu wage
Surya kaping                               : 12 Desember 2009
Wanci tabuh                                : 19.00 WIB
Mapan ing                                    : Mantung, Sanggrahan, Grogol, Sukoharjo

Ingkang ngesuhi       : Bp. ..............................
Pambiwara / MC      : Bp. Yusuf

1
19.15
Para Hamong Karya sampun mapan ing papan jejibahanipun piyambak-piyambak, naliti samukawisipun.
Para Hamong Tamu kakung putri sampun rawuh lan mapan  papan jejibahanipun, jumenengipun Para Hamong Tamu kapratitisaken dening Bp/Ibu. Hari Parmono saha Bp/Ibu. Ir. Hary Murcahyano

2
19.30
Tamu undangan sampun wiwit rawuh.
Kinurmatan ungeling gendhing .................................

3
20.00
Pangandali wara wiwit maos urut-urutaning pawiwahan.

4
20.15
Temanten Putri kalenggahaken tumuju dhateng sasana rinenggo,
dening       : Ibu Ita Saptono
                  : Ibu Mulyan Suhadi
Tindakipun cunucukan patah sakembaran :
Angg. Rahma dalah Angg. Eka Ayu Oktavia
Lumaraping putra temanten kahiring ungeling gendhing ....................

5
20.20
Bidhalipun duta pamapaging putra temanten kakung saking sasana rinenggo dhateng sasana palereman
dening : Bp. Sutrisna saha Bp. Sutarno.
Bidhaling duto caroko kahiring ungeling gendhing .............................

6
20.30
Temanten kakung rawuh ing sasana pawiwahan sinubagyo ungeling gendhing ..............................., kalajengaken upacara Pasrah – Panampi,
Ingkang masrahaken      : Bp. .......................................
Ing sawurinipun putra temanten kakung,
Jinajaran                         : Bp. .......................................
                                       : Bp. .......................................
Nampi Pasrahan             : Bp. Ir. Hary Murcahyanto, M.Hum.
Ing sawurinipun             : Bp. Mustaqim
Jinajaran                         : Bp. Suban
                                       : Bp. Narjo Wikromo

7
20.35
Upacara Panggih
1.      Ingkang mratitisaken              : Ibu Atin
2.      Nyamektakaken uborampe     : Ibu Surawan
                                                      : Ibu Murdiyoso
3.      Nganti  temanten putri badhe panggih,
Ibu Hari Murcahyanto saha Ibu Hari Parmono
4.      Tut wuri lampahing putra temanten putri badhe panggih, Ibu Anisa
5.      Kadherekaken kenyo ngasto beri isi slindur : Rr. Santi
6.      Nganti temanten kakung badhe panggih, dening :
Bp. Sutrisna saha Bp. Sutarno

8
20.45
Besan sekaliyan rawuh, kinurmatan ungeling gendhing ........................
1.      Kasuwun ngacarani rawuhipun besan sakaliyan ing wiwaraning pahargyan, dening : Bp./Ibu. Hari Parmono
2.      Katampi ingkang mengku gati ing telengin pahargyan dipun sarirani dening Bp./Ibu. Suparto

9
20.50
Sasampunipun besan sekaliyan lenggah kalajengaken “ Do’a “ ingkang dipun sarirani dening Bp. ...................................

10
21.00
Upacara sungkeman.
Binarung ungling gendhing ...................................
1.      Ingkang badhe dipun sungkemi :
      Bp./Ibu. Mustaqim saha Bp./Ibu. Suparjo
2.      Ingkang mratitisaken : Ibu Atin
3.      Kapiji nglolos dhuwung : Bp. Mulyan Suhadi
4.      Kasuwun ngaturi ingkang badhe dipun sungkemi : Ibu Atin
5.      Kasarneng lumadosing pasugatan.

11
21.10
Hatur Pambagyoharjo / Panuwun.
1.      Minongko talanging basa ingkang hamengku damel :
      Bp. Adi Sucipto
2.      Kasuwun hanjajari, Bp. Sutarno saha Bp. Soleman
3.      Mranoto temanten sekaliyan jumeneng satata kinapit-apit ingkang hamengku gati sekaliyan, dening : Bp./Ibu. Murdiyoso

12

Paripurnaning pambagyoharjo kinurmatan ungeling gendhing ..............
Kalajengaken lumadosing pasugatan ingkang pungkasan.

13
21.15
Upacara Pahargyan Paripurna.
1.      Penganten sekaliyan kabedhol dening : Bp./Ibu. Hari Parmono, kakanthi dhateng sangajengipun tarub saperlu nampi berkah saha caos pakurmatan dhumateng kunduripun para tamu.
2.      Ngacarani jumenengipun besan saha ingkang hamengku gati, dening : Bp. /Ibu. Ir. Hary Murcahyanto, M.Hum.
3.      Tindakipun putra temanten kairing ungeling gendhing .....................




CATHETAN    : Lampah-lampah adicara meniko menawi sakinten perlu saged kaewahan amrih rancag saha saening tumindak.

PANYUWUN   :  1.   Para Paraga saha Para Hamong Tamu Kakung mangagem ageman Jas Jangkep.
                              2.   Para Hamong Tamu Putri kasuwun mangagem Ageman Kebaya saha Nyampingan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar