Wilujeng Rawuh wonten ing Blog kulo........

Dumateng para pandemen budaya Jawi, mliginipun bab Protokoler Jawi utawi Pambiwara, wonten Blog kulo samangke badhe kulo andharaken babagan Pambiwara ingkang leres lan pas kaliyan papan utawi panggenan, kanthi basa ingkang simpel ananging mboten ngurangi isi utawi bobotipun.
Sumber ingkang kulo pendet inggih meniko saking Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kaliyan Pura Mangkunegaran, ingkang kala semanten sampun dipun teliti kaliyan Bp. Ir. Hary Murcahyanto, M.Hum

Kamis, 10 November 2011

Tata Upacara Mantu (Adat Jawa)


ACARA NGUNDHUH MANTU
Pambiwara hambuka lampahing pawiwahan (sasampunipun temanten samekta)

PAMBUKA
Assalaamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Kula nuwun,
Para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni, sarta para tamu kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Kula minangka pambiwara wonten keparengipun matur ing ngarsa panjenengan sedaya. Hanamung saderengipun kula hamaosaken unit reroncening tatacara langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng menggah rawuh panjenengan sedaya. Salajengipun boten kesupen sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken tansah hangaturaken pamuji sukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang murbeng Rat, mugi tansah paring berkah saha rohmatipun, satemah hambabar kawilujengan lahir trusing batos.
Menggah tatacara ing vvanci punika, ingkang hamengku gati Bapa Sardadi sekaliyan, kepareng badhe mboyong penganten putra kakungipun ingkang asesilih pun Bagus Arko Budiyanto ingkang sampun hamengku pun Rara Wahyu Tri Utami , putra putrinipun Bapa Roso Sudarmo ingkang pidalem wonten ing Kauman, Jati Ngarang, Weru Sukoharjo. Menggah unit reroncening tata cara kados mekaten.
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing karahayon, menggah lampah-lampahing tatacara ingkang kapisan hangacarani rawuhing penganten sekaliyan wonten ing samadyaning pahargyan. Lampahing acara ingkang angka kalih inggih punika pasrah saha panampining panganten. Sasampunipun acara pasrah saha panampi, penganten sekaliyan tumuli hanindakaken tatacara adat ingkang kawastanan ugi Wisudan Tali Darma ing antawisipun Ngunjuk Urto Wening lan adat Gepyokan, Sapurnaning upacara adat , penganten sekaliyan daya binoyong lenggah wonten ing pelenggahan ingkang sampun rinengga.
Para tamu kakung saha putri ingkah winengku ing suka basuki, menggah tata cara salajengipun, atur pambagyo rawuhing para tamu, salajengipun waosan donga. Wondene tatacara ingkang pungkasan, bibaran.
Mekaten kalawau unit reroncening tatacara ing wanci punika, wilujeng anggenipun sami Iclenggahan.

A.    Hambiwarakaken Badhe Tumapaklng Tatacara Rawuhing Penganten Sekaliyan.
Para tamu kakung saha putri ingkang saruhu luhuring budi, wonten sasmita saking pangarsaning pawiwahan , bilih penganten sekaliyan sampun kcpareng rawuh wonten samadyaning pahargyan. Rawuhing penganten kaapit dening Rama saha Ibu. Salajengipun badhe dipun wontenaken tatacara pasrah saha panampi nine penganten.

B.     Hambiwarakaken Badhe Tumapaking Tatacara Pasrah saha Panampi.
Para tamu kakung miwah putri, penganten sekaliyan sampun rawuh wonten ing samadyaning pahargyan, tumuli badhe dipun wontenaken tatacara pasrah saha panamining penganten. Ingkang kasuwun hamasrahaken penganten Bp Mulyan Suhadi, jumenongipun kasumbul dening Bp.A saha Bp- B. Dene ingkang kasuwun hananggapi pasrah Bp. Baseri, jumenengipun kasumbul Bp. C saha Bp. D. Sadaya murih kalampahanipun kula sumanggakaken, Sumangga,
Tata cara pasrah panampi katindakaken.








PASRAH PENGANTEN
Assalamu 'alaikum wr wb.
Katentreman, karahayon awit sih wilasaning Gusti ingkang maha Agung mugi tansah hamemayungana wonten ing madyaning pahargyan ing wanci punika.
Kula nuwun, Bp .................... ingkang sarahu luhuring budi, sowan kula ing ngriki, kula dipun rinesaya dening Bp. .................... sekaliyan, Ingkang sepisan, kula kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun mugi katur dhumateng Bp. ....................  sekaliyan sumrambah ing sakulawarganipun.
Dene atur ingkang angka kalih, kula kadhawuhan masrahaken penganten sekaliyan inggih menika pun Bg. .................... lan Rara .................... ingkang sampun kaijabaken duk rikala dinten .................... surya kaping .................... warsa ........ wanci tabuh .................... saha sampun kapanggihan kanthi wilujeng nir baya nir sambikala awit donga pangestu panjenengan sadaya. Borong anggenipun badhe nggulawenthah murih saenipun ingkang sami badhe lumebet ing panggesangan enggal menika.
Mekaten  Bp. ....................   anggen kula  matur  wonten  ngarsa panjenengan,  kula nglenggana dene atur kula kathah sanget ingkang kirang mranani penggalih, kanthi punika kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.
Wassalamu'alikum wr wb.

Tatas titis terang terwaca anggenipun Bp. .................... hamasrahaken penganten sekaliyan. Salajengipunatur pasrahipun Bp. .................... badhe katampi dening Bp. ..................... Dumateag Bp. ....................  kasumanggakaken.

NAMPI PASRAH PENGANTEN
Assalamu'alaikum wr wb.
Katentreman, karahayon awit sih wilasaning Gusti ingkang maha Agung mugi tansah hamemayungana wonten ing madyaning pahargyan ing wanci punika.
Bp. .................... ingkang kula bekteni, ingkang sepisan, kula ngaturaken wilujeng awit rawuh panjenengan sedaya. Dene atur kula ingkang angka kalih, kula tampi salam wilujengipun Bp. .................... sekaliyan, saha badhe kula aturaken ingkang kawogan hanampi Ugi mboten kesupen salam wilujengipun Bp. ....................  sekaliyan, mugi kaaturaken dumatheng Bp. .................... sekaliyan sumrambah sakulawarganipun,
Salajengipun anggen panjenengan masrahaken penganten sekaliyan kula tampi kanthi suka bungahing manah, tumuli badhe katindakaken tatacara adat Wisudan Tali Darma. Dene panyuwuninpun ingkang hamengku darnel, panjenengan sedaya kasuwun ngestreni saha hanjenengi tatacara ngantos saparipurnanipun.
Mekaten Bp. .................... anggen kula nampi pasrah panjenengan, kula nglenggana dene atur kula kathah sanget ingkang kirang mranani penggalih, kanthi punika kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.
Wassalamu'alaikun wr wb.

Para tamu kakung miwah putri, tatacara pasrah saha panampining penganten sampun kalampahan kanthi wilujeng, tumuli badhe dipun wontenaken tatacara wisudan tali darma. Ingkang badhe mijiki penganten inggih punika Adimas ...................., dene ingkang ngasto ubarampe Sederek .................... , ingkang badhe mratitisaken lampahing upacara Ibu ..................... Sedaya murih kalampanipun kasumanggakaken. Sumangga.

Upacara katindakaken.
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki, tatacara adat wisudan tali darma sampun kalampahan kanthi wilujeng, tumuli badhe kalajengaken taracara Atur Pambagyaharjo.

Mbiwarakaken badhe tumaoaking tatacara atur pambagyahario.
Para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing karahayon, awit saking raos sukur saha bingahing manah, ingkah hamengku gati kepareng badhe hamanembrama rawuhing    para    tamu.    Dene    ingkang    kepareng    matur    badhe    dipun    sarirani Bp. ..................... Jumenengipun kasumbul Bp. ....................  saha Bp. ....................  Sedaya murih kalampahanipun kula sumanggakaken. Sumangga.
ATUR PAMBAGYAHARJO

Assalamu'alaikum wr. wb.
Katentreman, karahayon awit sih wilasaning Gusti ingkang maha Agung mugi tansah hamemayungana wonten ing madyaning pahargyan ing wanci punika.
Kula nuwun, para sesepuh, pinisepuh saha para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu dahat binektenan, keparenga kula mambeng anggen panjenengan sedaya katemben wawan pangandikan, rehdene kulo piniji kalian Bp. .................... sekaliyan kinen ngaturaken wigatosing gati ing ri kalenggahan wanci puniko. Minangka murwakani atur, langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken panuwun konjuk ing ngarso dalem Gusti Ingkang Maha Agung, bilih ing wanci punika, kula lan panjenengan sedaya saget manunggal wonten ing wisma pahargyan kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing karahayon, ingkang sepisan, Bp. .................... sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng menggah rawuh panjenengan sedaya, salajengipun kula dherekaken lelenggahan kanthi mardhikaning penggalih. Dene wigatosipun, ing wanci punika panjenengan sedaya kasuwun rawuh, ingkang saperlu dipun suwuni panjurung donga pangestu anggenipun Bp. .................... sekaliyan nampi kanugrahan mboyong penganten sekaliyan pun Bg. ...................ingkang sampun njatu krami pun Rara ..................., ingkang sampun tinangsulan sah kanthi satataning agami lan nagari, saha siningsetan ing adat tatacara panggih rikala dinten ..................., surya kaping ................... tansah pinanggih wilujeng nir ing sambikala.
Wondene jangkepe atur ingkang angka kalih, Bp. .................... sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun paring tandhasih ingkang awujud punapa kemawon, satemah saged damel entheng anggenipun Bp. .................... sekaliyan mahargya putra ing wanci punika. Dene sedaya sih kadarman ingkang sampun panjenengan paringaken mugi-mugi pikantuka leliru ingkang sakalangkung ageng saking Gusti Ingkang Maha Mirah. mBoten kesupen ugi dumateng para sanak kadang, tangga tepalih ingkang sampun paring pambyantu murih raras, ririh saha reseping swasana anggenipun mbabar budaya, wiwit purwa madya saha purnaning gati, Bp. .................... sekaliyan namung saged ngaturaken panuwun.
Para tamu kakung saha putri ingkang utami ing budi, bilih anggenipun kagungan darnel Bp. .................... sekaliyan, dangu sampun karancang celak sampun karakit, parandene taksih kathah kekiranganipun, kanthi punika kula ingkang kadhawuhan nyuwunaken agenging samodra pangaksama, mBoten kesupen ugi dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya. Salajengipun panjenengan sedaya kasuwun ngestreni, hanjenengi, saha kasuwun ngrantu ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Mekaten aturipun Bp. .................... sekaliyan lumantar kula, Pinongko panutuping atur, kula nglenggana dene atur kula kathah sanget ingkang kirang mranani penggalih, kirang treping basa lan subasita anggen kula matur, mawantu-wantu  kula nyuwun agunging samodra pangaksami, Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr wb.

Paripurna Bp. .................... pinangka sulih sariranipun Bp. .................... sekaliyan. Salajengipun badhe kasuwunaken donga dening pinisepuh ingkang sampun piniji inggih pun Bp. ………….. Sedaya murih kelampahanipun kula sumanggakaken. Sumangga,

Mbiwarakakea Paripurnaning Tatacara.
Para tamu kakung saha putri, bilih sasmita ingkang kula tampi saking pangarsaning pawiwahan, pawiwahan ing wanci punika sampun kepareng paripurna, Ingkang kasuwun hambedhol penganten sekaliyan saking palenggahan tumuju ing sangajengipun wisma pawiwahan, nyuwun keparengipun Bp. .................... sekaliyan. Wondene ingkang kasuwun hangaturi jumenengipun ingkang hamengku gati sekaliyan saha kadang besan sekaliyan, nyuwun keparengipun Bp. .................... sekaliyan.
Panutup

Para tamu sinedhahan kakung saha putri, pawiwahan ing wanci punika purwa, madya, saha purnaning gati sampun kalampahan kanthi wilujeng awit Gusti Ingkang Akarya Loka sampun paring pangayoman wonten ing samadyaning pawiwahan.
Kula minangka pambiwara, anggen kula maos tatacara saha matur ing ngarsa panjenengan, nglenggana dene atur kula kathah sanget ingkang kirang mranani penggalih, kanthi punika kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar