Wilujeng Rawuh wonten ing Blog kulo........

Dumateng para pandemen budaya Jawi, mliginipun bab Protokoler Jawi utawi Pambiwara, wonten Blog kulo samangke badhe kulo andharaken babagan Pambiwara ingkang leres lan pas kaliyan papan utawi panggenan, kanthi basa ingkang simpel ananging mboten ngurangi isi utawi bobotipun.
Sumber ingkang kulo pendet inggih meniko saking Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kaliyan Pura Mangkunegaran, ingkang kala semanten sampun dipun teliti kaliyan Bp. Ir. Hary Murcahyanto, M.Hum

Kamis, 08 Desember 2011

Cerita Tumedhaking Kembar Mayang versi Drama Kontemporer


KALPATARU DEWANDARU JAYANDARU

Purwaka

PANGKUR PURWA WIWAHA
3       5 553 333
Mur wa   ka ni  Ha    di ca ra

3  5     5   56     1    1   1    2   3     3 21
A mra na ta      ing reh lak sa na    ti  ti

5     6   1   1    1  1   1    12
A nges thi Bu da ya lu  hung

1       6    5      5    5  5     45
Wus ma nung gal sa  ji     wa

3       5    5  56      1   1   1    1      1     2     3      3
Mrih les  ta  ri       se so tya ning bang sa    a   gung

1     1   1    1  1  1  1    1
Nu san ta   ra a di mul ya

1     2   3   1    2    3    3     21
Kun ca ra han ja yeng Bu   mi

Murwakani kandha wedharing Kang Kalpataru Dewandaru Jayandaru, datan kadi ingkang wonten wiwahan agung pidaleming KRT Husada Pura, lenggahing pamengku gati sinubagya Ladrang Santi Mulya Pelog Nem, sumangga nun

Mungel  Ldr. Santimulya Pl. Nem

Saput mendhung belah mega katon ngegla hamalela. Punika ta warnanira gumelaring sasana daleming KRT Husada Pura kang nedheng hamengku gati, gatining karsa mbiwadha putra mahargya siwipun hanenggih Retnaning Dyah Rini Pudyastuty SE. Dhasar priyagung sembada ing samukawis, lebda saliring kawruh dhasar kasinungan wirya harta wasis, wiyaring sesrawungan datanpa winates marma dupi hamengku gati, beg……. andher ambelabar sasat samodra muntah dhedharatan rawuhing sanggya para tamu.
Samana KRT Husada Pura dalah garwa lenggah ing dalem rinengga, nimbali putra sriatmaja pinanganten putri kang nedheng moga ing karsa kepengin anyandhing puspita elok alangka, puspa adi mancawarna, ya kang kasebut Kembar mayang Kalpataru Dewandaru Jayandaru, saking jibeging manah gya nyaketaken pilenggahe rayi kinasih, Bapa Redi Anggitama.S.Sn, Makaten panambramaning kang hamengku gati :

Ginem
Ki Pamengku Gati  : Dhi mangga kasekacakna lenggahipun,
Ki Saraya Jati           : Nuwuninggih matur nuwun Kangmas
Ki Pamengku Gati  : Ngaturi kawilujengan rawuhipun Adhimas sekaiian ing pawiwahan punika Dhi
Ki Saraya Jati         : Nuwuninggih Kangmas, awit pangestunipun Kangmas saha Mbakyu, sowan kula wilujeng, semanten ugi Mbakyu saha Kangmas tansah wilujeng ta?
Ki Pamengku Gati  : Iya Dhi pamujimu
Nyi Pamengku Gati  :   Pun sekecakaken Iho Nyai
Nyai Saraya Jati     : Inggih-inggih Mbakyu, pangestunipun tansah wilujeng.
Ki Pamengku Gati  : Kejaba kang wis padha dirembuk iki Dhimas.... rada adreng pangarep-arepku ngenteni rawuhmu.
Ki Saraya Jati         : Wah kula nggih radi dheg-dhegan he Kangmas, rak ya ngono ta Nyi
Nyai Saraya Jati     : Inggih Kyai kula ugi ngantos kumrungsung anggen kula sowan ngriki
Ki Pamengku Gati  : Priye Bune sing matur aku apa Sliramu
Nyi Pamengku Gati  :   Ha injih Penjenengan kemawon sing wijang pangandikane.
Ki Pamengku Gati  : Ngene Iho Dhi ndungkap bakal dhaupe pulunanmu Rini karo Danang iki ana prekara sithik kang dadi ganjelan, sabab Rini gelem diwiwaha yen dhaupe mengko direnggani puspita adi mancawarna, wujud kembar mayang, dudu kembar mayang lumrah ananging putramu nyuwun kembar mayang Kalpataru Dewandaru Jayandaru. Lha iki terus piye Ta Dhimas...... nganti judheg aku....
Ki Saraya Jati         : Hem... hem.... ngaten Kangmas, capet-capet kula mireng.... Kembar mayang ingkang dipun suwun Gendhuk Rini punika mboten dhapur dedongengan nanging pancen nyata wonten salebeting panggesangan. Anut keterangan ingkang sampun kula pireng saking para lebda... kembar mayang Kalpataru Dewandaru Jayandaru punika mapanipun ing Kayangan Suralaya...
Ki Pamengku Gati  : Horoto Dhi... Penjenengan ki lak ora gegujengan ta.... lha sing diarani Kayangan Suralaya niku lak mung nggon crita wayang kulit ta ?
Nyi Pamengku Gati  :   Enggih he Mas lha terus pripun Ihe nggoleki yen niku wujude namung gotek?
Ki Pamengku Gati  : Wah kojorane...aja sembrana lho Dhi apa ya klakon bakal wurung nggonku mantu yen kudu munggah Kayangan.... lagi munggah tingkat ndhuwur kono we wis menggeh-menggeh  je     ..
Ki Saraya Jati         : Ngaten Iho Kangmas nuwun sewu pancen bab punika kepara leres, Kembar mayang punika asalipun saking kayangan nanging sapunika wonten titah ingkang kepareng ngampil gaibing pengeran nama Ki Wasita Jati ingkang mapan ing Padhepokan Sidadadi, prenah ereng-erenging Gunung Sidaharga.... tur kula inggih mboten ngayawara.... mila menawi wonten keparengipun kula nyuwun pamit badhe ngupadi rerenggan punika.... tahunana windonana mboten sumedya wangsul menawi mboten mundhi sekar punika
Ki Pamengku Gati  : We.... lha kok maiah kaya Ketoprak Balekambang wae ta Dhi....
Ki Saraya Jati         : Lha dos pundi melih wonten prekawis ngaten kok Mas.
Ki Pamengku Gati  : Hem...iyoh...iyoh... Bune ki piye ta kok mung ndomblong wae... lak iya tamune disugata ta Bune....
Nyi Pamengku Gati  :   Weei inggih nggih Kangmas kula ngantos kamitenggengan...wong nggih nges sanget ngaten... kersanipun ngunjuk menapa?
Ki Pamengku Gati  : Ya wis ngunjuk teh wae, ngiras timbalana anakmu si Rini
Nyi Pamengku Gati  :   Nggih ngestokaken dhawuh... pun sekecakaken rumiyin Iho Dhi kula tak mengker sekedhap

(Ki Saraya Jati Ian garwa mangsuli meh bareng)
mangga-mangga Mbakyu....




Tindakipun Nyai Husadapura kahiring Pathethan Jugag Sl. Manyura

1    1    1      1     1    1    1      1    1     1    1      61
Lir sad pa  deng sun  tu   mi   ling  a   ngu  la      ti

6  12   2   2  2    2     2    2     2     2   12     321.216     
Pus     pi ta me dem en dah kang war ni       oo….

1       1    1     1    1    1      1      1    1    1    1  61
Mi     de  ring Ta man a     non    se kar war si  ki

2       2    2     2   12    6     6   6   6    6       61   653
Ku    me nyut ing tyas ba   ya  ta  ja   tu     kra   ma


NARASI
Mengker saking pangayunaning raka Kanjeng Raden Tumenggung Husada Pura, Nyai menggung daya-daya nimbali putra kinasih Sriatmaja penganten putri. Dhasar putri linuhung ndungkap akhir diwasa punjul ing wami rinengga busana, marma sang ayu sowan ing ngarsane Kang Rama asemu gupuh repe-repepeh kaya sata manggih krama.

(Pinanganten putri sowan lenggah sangajenging Rama Ibu nuli kadhawuhan Pamengku Gati kanthi Sekar Palaran Gambuh Suryadarsanan Sl. Manyura.)

2        2   2   1   1   26       216
Dhuh ku lup pu tra ning      sun

 3         3   35      32      2   2    1    1       216    6
Ywa     su  me    lang    ka se dya ning    ka     yun

2    1     2      3532    2       3     5     5     53   2356.165      12      165
Pa nyu wun     mu    kem   bar  ma yang   li     nu             hung     Di

2      2      2      2    2    1      2    3532
Ing mang  ke   Ing sun wus  we    ruh

2     3   5   5   53   2356   35   32
Da tan su me lang nging   ke  whoh


PENGANTEN PUTRI
(Penganten putri matur mawi Palaran Pocung Sumirat Sl. Manyura)

3    3    5  6         2     3    1   2        6        6     5    3
Ra ma  i   bu      nga  tu   ra ken    gung    pa   nu  wun

6      1    2    2     3   12
Wus a  kar  ya   su    ka

6            3      3  3      1     1   12   16
Nggen   ku    la  ba   dhe  ne  te    pi

6    1   2     3          2     2        16   6    1   3   1    2
Ka su dar man     mang ka       je   je  ring wa no dya


Ki Pamengku Gati  : Dhi gandheng kabeh wis padha cetha Ian nglenggana, mbesuk ngenteni apa nuli Penjenengan sakloron dak tundhung ngupadi abon-aboning pahargyan Kembar mayang Kalpataru Dewandaru Jayandaru.
Ki Saraya Jati         : Nuwun inggih Kangmas menawi mekaten kula kekalih nyuwun tambahing pangestu tumunten bidhal ngayahi damel
Ki Pamengku Gati  : lya-iya Dhi sing prayitna ngati-ati
Nyi Pamengku gati  :   Dhimas sekalian ndherekaken sugeng tindakan nggih
Ki Saraya Jati Sekalian (Inggih-inggih mbakyu)


BIWARA
Mengker saking ngarsaning sang pamengku gati, Ki Saraya Jati Ian garwanipun kekanthen asta, wirandhungan tindakipun, lir taksaka kapidak pethite satindak mangu satindak kendel amung tansah ngulati bot rawe rerengganing tetuwuhan samargi-margi.
Wauta samana tindaking priyagung kekalih wus ndungkap tepining wukir Sidaharga, kathah tetuwuhan sinawung sesekaran kaya-kaya mangayubagya kang andon lampah.


Mungel Ketawang Subakastawa Pelog Nem, sasampunipun gending sagongan, kenong sepisan sirep

Pambiwara nunten nyandra
1. Ana sesotya coplok saking embanan marma winastan mangkono ana
kusuma nedheng lelanabrata ngupadi sarananing palakrama,
NG
2. Sapa tambuh sapa weruh tuhu punika Ki Saraya Jati dalah garwa.
R                                Ny             S
3. Dhasar priyagung sembada biiaksana mumpuni saliring kawruh
     R
4. Marma grenietina prana, kumlawening asta. jumangkahing suku. anagung
ginalih kanthi mateng,
R
katiti kongsi premati kapetung ywa kongsi mangqih buntung.
                                        NY          NJ
5. Samana tindake sang andon lampah wus dumuqi sukuning Gunung
Sidaharga,
NY
6. Tindake manghayat marga, grigiting ancata gigiring prawata,
                        R
marma sengkang - sengkang sumengka ironing galih,
                               NJ
7. Brool kang riwe hadres kaya dineres,
            NJ
8. Binarung sumuking swasana panase kaworan mendhung, mendhung
tumiyung lengkehing gunung,
R
9. Marma lungkrah kang sarira makaten wijiling pangandikan
         NY


Nyi Saraya Jati  :       Mas kok hawane sumuk banget ta...   
Ki Saraya Jati  : Lha iya sumuk ta Jeng hawong hawane panas... rasane nganti kaya mlethek-mlethekke bathuk ngene kok
Nyi Saraya Jati  :       Wah suku kula niki rasane nggih mpun keju kabeh...he
Ki Saraya Jati  : Hem yoh..... yen ngono ayo ngeyub leren dhisik
Nyi Saraya jati : Nggih mangga
Nyi Saraya Jati  :       Kula niki gumun Iho Mas rumaos kula pranata mangsa sapunika kok mboten ajeg.... mangsa ketiga nggih nggejeh jawah... yen pinuju mangsa rendheng malah ngerak larang toya mboten kados riyin nggih      
Ki Saraya Jati  : Lha ya iki sing jenenge Global Warming
Nyi Saraya Jati  :       Menapa menika Gombale Parmin       
Ki Saraya Jati  : Piye ta iki... mbok ya sing rada maju ta Jeng.... Global Warming. Basane saiki pemanasan Global.... tegese amarga kedayan rusaking jagat ndayani suda berkah Ian eyubing kahanan dadi hawa kang sumuk gerah panas kaya ngene iki....
Nyi Saraya Jati  :       Weee kula kinten gombale Parmin     
Ki Saraya Jati  : Weee Gombale Parmin.... lha ngapa kok Parmin nggawa gombal ?
Nyi Saraya Jati  :       Rumaos kula mboten namung alam, kalebet ugi para titah manungsa punika ugi kraos sumuk manahipun.... he
Ki Saraya Jati  : Lha iya sumuking atining manungsa iku mau kang nyababake rusaking alam... coba dipenggalih
Nyi Sarayaj Ati : Mengke riyin Kangmas.... sabab punapa manungsa sumuk manahipun?
Ki Saraya Jati  : Sabab wis padha koncatan rasa budaya, sabab kengguh budaya manca wekasan ora krasa kabeh padha kerut lan larut marang tata panguripan kang cengkah lawan Budaya Jawa.  Coba yen padha gelem urip satataning budaya kang nengenake Budi luhur, Khusuk ing panembah nengenake rasa kamanungsan, tepa salira, mad sinamadan Ian asah asih asuh. O... Jagat iki bakal  tentrem Dhiajeng... lhasaiki lak ora.... Uripe manungsa sarwa ngangsa ngethawa puwa-puwa..... kabeh padha kepengin menang .... kabeh padha kepengin sugih brana.... wekasane akeh kang padha ngalalake sewu cara mbuh kalal apa karam, kang baku bisa nekaake pametu.... alam diwisesa sakepenake dhewe...... kali-kali dijemberi..... alas gunung dibabati.... adeg pabrik-pabrik produktivitas kang ora nganggo tetimbangan lestarining alam apa akibate... alas dadi gundhul..... kali-kali kebak limbah buthek letrek kontaminasi karo zat kimia kang mbebayani tumrap ekosistim.... akeh buron alas buron banyu kang mati Ian punah, nekaake musibah banjir bandhang.... gempa tsunami..... yen wis ngono para manungsa, aku kowe wong cilik... rakyat awam kang ora ngerti dhodhok selehing prekara.... padha kesempyok aradan..... ketrajang musibah      
Nyi Saraya Jati  :       Wah inggih nggih Kangmas kados ingkang dumadi ing Wasior Papua, Mentawai Ian Merapi menika nggih nggegirisi sanget kok
Ki Saraya Jati  : Haiya...... coba yen urip samadya prasaja sabar nrima kaya piwulang luhur lak ora kaya mengkene kedadeyane. Wiwit kuna makuna mbiyen wis ana tradisi Pitreyatna.... tegese memetri marang alam, upamane tradisi metri desa, labuan ing pesisir, labuhan ing Lawu utawa Merapi..... jroning tatacara mau wong Jawa unjuk pandonga marang Gusti nganggo prabot sesaji karepe unjuk panuwun marang Gusti dene wus peparing manfaat kang gedhe marang anane Gunung, Alas, Kali, Segara Ian sapiturute.
Nyi Saraya Jati  :       O... ngaten ta Kangmas lha kula wastani menawi punika nyembah dateng ingkang mbaureksa gunung menapa dene lepen punika
Ki Saraya Jati  : O... ora babar pisan ora ... hikmah surasaning piwulang kanthi anane tradisi memetri iku mau yaiku ayo padha nglestarekke alam... dijaga suturing gunung... resiking banyu kali resiking segara...sebab kabeh mau gedhe daya pigunane tumrap manungsa Suburing alas Ian gunung weweh daya anane sumber banyu kang resik hawa kang seger.... Resiking kali weweh daya dadi ilen-ilen tumrap suburing tetanduran ing sawah Ian resiking banyu segara kejaba dadi penguripaning iwak buron banyu... uga maweh daya rancaging olah lelayaran. Kabeh mau bakal bisa mujudake tentreming penguripan, rancaking rodha ekonomi Ian seger adheming swasana penguripan      
Nyi Saraya Jati  :       Waah.... waah mboten nginten Penjenengan ki kok olehe gancar jlentheh banget....
Ki saraya jati   : Waah kandhani kok..... aku yen ka ngene ki rumangsaku jiaaan embuh kok....
Nyi Saraya Jati  :       Alaaaa terus G R ... mbagusi....
Ki Saraya Jati  : E Iho sing Sliramu marai katut aku ki lak ya bagusku iki       
Nyi Saraya Jati  :       Alaaa ... jabangbayik        
Ki Saraya Jati  : Wis Jeng gandheng wis rada sawetara Ian rada aso ayoh neruske laku. Kaelho sawangen ana sawijining gumuk kang ereng-erenge rata, winangun padhepokan.... yen ora kleru kae sinebut Padhepokan Sidaharga. Hayoh sowan ingarsane sang wiku... sapa ngerti lakune awake dhewe iki enggal antuk pepadhang.
Nyi Saraya Jati  :       Mangga Kangmas.





ADEGAN ING PAREGOLAN PADEPOKAN SIDA DADI
(Cantrik Sabta Ian Catur jagi regol sinambi nembang Ian sesendhonan. Cantrik Sabta Nembang Dandhanggula Slendro Manyura nunten kadhatengan Catur).

3     6     1  1   1     2   3  3   3   3
La mun Si ra ang ge gu ru Ka ki

3   3  1  21    1     1     1     1      1    1
A mi li    a   ma  nung sa  kang nya ta

6    1       1    1   1    1    12   16
Ing kang be cik mar ta   ba    te

1     1      3      2       1   1     61
Sar  ta   kang wruh ing  Ku  kum

6        6    3    3   6  1     21  2   321
Kang ngi ba dah la wan wi  ra'     i

1    1    2 2     2      2  2
So kur o leh wong ta pa

1       6     1    1   12      16
Ing kang wus a  mung  kul

6     1    2  3    3   3    3     3
Tan mi kir pa we we hing lyan

6 5   3    21    1   1   1   1  1   2   3   3
I ku pan tes   Si ra gu  ro na na Ka ki

6     1  2  1      3     2  12
Sar ta ne ka wruh  ha na.

Sabta      : Weiih Kang Catur... ana apa Kang kok dulat-dulit .....
Catur      : Ora, aku ki mung nggumun karo swaramu sing ulem tur turut-turut usuk...
Sabta      : Waaa ora ngalembana.....ora duwe dhuwit receh....
Catur      : Kosik ta Dhi mbok leren dhisik nyambut gawe kok Ie mempeng banget kaya ora duwe kesel
Sabta      : Lho ngene Iho Kang aku ki ngrumangsani cantrik sing isih anyar ana Padhepokan Sidaharga kene... mangka aku kepengin meguru Ki Ageng Wasitajati, kepengin antuk tuntunaning urip kanggo uripku ing tembe, mula lak iya aku kudu sregep ta.....
Catur      : Wah...wah elok tenan Kowe kuwi dhi.......gumunku ngene Iho, ing atase Kowe kuwi isih taruna.....isih ABG kok tekun ngudi ngelmu kasepuhan Ian kabudayan....iki mengko yen wis entuk njur kanggo apa ?
Sabta      : E Iho Penjenengan ki Kepriye ta..... wong kawruh Ian ngelmu kok kanggo apa, ya dianggo werna-werna, dianggo sesrawungan.... dianggo watonan makarti, yen perlu dinggo makarya......
Catur      : Hem he he he he......Wah....wah....Kowe ki nyata nyata bathok bolu isi madu tenan...... ngene Iho akhir-akhir iki akeh kanoman kang padha gandrung marang budaya manca ngemohi budayane dhewe..... sabab werna-werna pawadane..... ana kang ngarani budaya Jawa iku kuna ketinggalan jaman, kaping pindhone..... budaya Jawa iku ora  marketable.....ora madolke....coba yen ana isyu ka ngono kuwi priye.......
Sabta      : Weii ngono…. he he he ha ha ha ha
Catur      : Lho dijak rembugan wong tuwa kok malah jegegesan.......
Sabta      : kuwi ki malah pinemu sing keri..... isyu ka ngono kuwi isyu.... sing ketinggalan jaman mretandhani wong kang ora sastra Ian mbudaya..... coba Penjenengan penggalih, budaya Jawa kuwi duwe bobot kang Edi luhung...... Edi kuwi endah, luhung kuwi luhur. Dadi budaya Jawa kuwi mujudake awoh budi dayaning manungsa kang endah yen sinawang, laras yen rinungu nanging uga momot piwulang urip kang jero Ian utama......... Iho apa ora nggegirisi ka ngono kuwi....... Saka kawruh budaya iki kejaba bakal bisa nuntun marang alusing budi pekerti, uga bisa kanggo makarya ngupa jiwa
Catur      : Contone nyambut gawe apa Dhi
Sabta      : E Iho akeh ta..... ahli budaya iku bisa dadi penulis sastra Jawa, bisa dadi guru ing sekolah-sekolah... bisa dadi pengrawit.... bisa dadi dalang...
Catur      : Dalang apa kuwi
Sabta      : Dalang Wayang bisa, dalang nganten ya bisa banget....
Catur      : Hemmm dalang nganten ki sing kaya ngapata... Opo sing diarani Progeyol kaeta?
Sabta      : O.. ala Kang dudu Progeyol ning Protokol utawa Master of Ceremoni Iho apa ora ngene..... (jempol)
Catur      : Wah wah..... iya ya Dhi tiwas aku cilik ati jebul ahli kabudayan ki piguna banget marang panguripan......
Sabta      : Priye ta Kang teneh awake dhewe ki yen ora bisa ngejeni marang budayane dhewe bakal diarani manungsa kang keblinger... sebab wong njaban rangkah we padha ngregani njunjung budayane awake dhewe lha kok malah awake dhewe padha mindher. Coba Penjenengan penggalih..... saiki wayang karo keris wis entuk pakurmatan minangka mahakarya dunia Wiwit Tahun 2007..... Wayang kuwi wis diikrarke Mahakaryaning jagat Kang...... malah kang paling spektakuler ana Profesor loro kang nyebut manawa Nusantara utawa Tanah Jawa iki asal sumbering peradaban donya... yaiku Profesor Arysio Santos saka Tanah Brasil Ian Profesor Stepen... AS.. Iho apa ora ngene.....(Jempol)
Catur      : Wadoouhw Dhi iki jenenge kebo nusu gudel...... wong tuwa kudu ngangsu kawruh marang bocah enom sebab saka cubluking nalarku.....

(Catur lan Sabta lajeng wicanten kaliyan tembang Witing Klapa)

.  .  .  .  6   2   6   3        5   3   6  5        6      3   2    1
          Heh a dhi ku     nga tu ra ke      geng pa nu wun

.  .  .  .  6  1        2     3        .   5         .   6        .   2  1   6
          We weh  ngel mu      mring     wong         cu    bluk

.  .  5     3     2     6  .  .      1     1   1     2      6     5     3    1
   Dhuh Ka kang ku          Ja   di ang gep   mu lang mu ruk

.  3  .  2     .  6  .  3        .  6  .  5        .  3  .  2
    i     ki    mung mad       si    na       ma    dan


(KI Saraya Ian garwa uluk sa/am)
Kulanuwun........

Catur                  : O… Mangga.....nuwun sewu Nan ndalem punika sinten saking pundi sarta kagungan kersa punapa.....?
Ki Saraya Jati  : Ngaten Ki.......kula lan bojo kulu punika saking Surakarta ....nami kula Saraya jati....tebih dumugi ngriki badhe sowan ing ngarsane Ki Gedhe Wasita Jati ing Ereng-erenging wukir Sida Harga ngriki......
Catur                  : Weiih ndaradasihi..... nembe kemawon kula kautus medal ing pacrabakan kautus mapak tamu.... mila mangga kula dherekaken minggah
Ki Saraya Jati  : O... matur nuwun mangga-mangga







ADEGAN di PADEPOKAN SIDAHARGA
Hapsara kalih ngandhapaken Kalpataru Dewandaru Jayandaru, tinampi Ki Ageng Warsita Jati nunten kapapakaken ing sasana rinengga. Ki Ageng nunten nampeni rawuhing tamu sekatian ingkang kalantaraken dening cantrik.
Tumuruning Kalpataru saking Kayangan kahiring Kidung Pangruwat dening para hapsara 4.

.  6  .  3         2   1   6    1           .  6  .  5        6   1   2   6
  Pu    ji        a   se san ty            Se    san     ti   ra ha yu

.  6  .  3         2   1   6    1           .    6  .  5      6   1   2   6
  Pu    ji         a  se san ty              Se   san    ti   ra ha yu

.  6  .  6         .  1   2      6           .    2  .  1      2    3    5   2
He ning          ma we ning             khu suk    ing pa mu ji

.  1   2   2      .   6   53  2            .  6  .  2        3    3    25  3
  Ra ha yu        Ra ha yu             Ra   ha       yu Nis  ka  la

.  2  1   1        .  6  12   1            .  6  .  5        6   1    2   6
  Ti  ne bih       ru   be  da           Ra    ha      yu nir ma  la


CANDRA
Sumilak kang ampak-ampak sumela kang mega-mega. Ana ndaru cumalorot saking awang-awang, ngenguwung anyadalanang, dhumawah ing madyaning padhepokan, tuhu punika nugrahaning Hyang Maha Agung Kayu Kalpataru Dewandaru Jayandaru. Sumunartan amblerengi ngebegi padhepokan kaya kluwung kembar tumurun ing Bumi. Sintenta kang nedheng atarak brata, maladihening ing kono hanenggih Kyai Warsitajati..... kaprah sinebat Ki Ageng Wasitajati. Dhasar janma pambegan brahmana mumpuni saliring guna pangawikan, putus saliring tapa brata kedhep panembahe mring Gusti Kang Maha Agung mboten mokal lamun wus kataman Wahyu Dyatmika, heneng heninging kalbu mustikaning kawicaksanan. Dupi wus kakenan nugraha agung tumuruning Kalpataru Dewandaru Jayandaru, ngangglungaken jangga nguncupaken asta tan kendhat denya muji shokur ing ngarsa dalem Gusti Allah kang Maha Agung. Samana wudhar denya tapak semedi awit sowaning cantrik kinasih ndherekaken duta Kyai Ian Nyai Saraya Jati.




GINEM
Ki Saraya Jati  : Amit pasangaliman tabe tinebihna ing tolakmanu dhumawaha tawang-towang dadosa tulaksarik, Nuwun Kyai… mugi sewu dedosan kepareng paring pangaksami, dene kula sumalonong cumanthaka sowan ing ngarsa Penjenengan.
Ki Warsita Jati : Nuwuninggih Angger .... salam amit Penjenengan kula tampi, mugi Hyang Purba tansah paring haksama Ian pengayoman. Nuwun keparenga kula nyuwun priksa, Adhi sekaliyan punika saking pundi Ian mengku kersa punapa dene nginggahi padepokan kula ingkang mapan ing ereng-erenging wukir punika Dhi…..?
Ki Saraya Jati  : Inggih Kyai, waleh-waleh punapa... kula pun Saraya Jati Ian punika bojo kula, wingking saking Surakarta. Wangsul punapa lares Penjenengan punika ingkang peparap Kyai Warsita Jati ?
Ki Warsita Jati : O inggih leres Ngger, kula pun Warsita Jati, dene dhepok kula punika Padepokan Sidadadi, ing ereng-erenging Sidaharga. Lajeng wonten perlu punapa dene keraya-raya rawuh ing sudhung kula ?
Ki Saraya Jati  : Nuwun sewu Kyai, sowan kula kautus kadang kula sepuh KRT Husada Pura, kinen ngupadi panyuwunanipun calon sriatmaja pinanganten putri. Retno Puji Astuti, anggenipun binojakrami kepengin dipun renggani Puspita adi Kalpataru Dewandaru Jayandaru. Anut tembang rawat-rawat ujaring mbok bakulkang sinambewara... bilih ingkang mangertos saha kagungan rerenggan punika Kyai Warsita Jati, punapa kepareng puspita adi punika kula ampil, saparipurnaning wiwahan badhe kula wangsulaken ing ngarsa Penjenengan.
Ki Warsita Jati : Hem nuwuninggih Adhi... yektosipun leres pengendika Penjenengan..... kalaresan rerenggan punika sampun tumurun saking kayangan, inggih kados ingkang Penjenengan priksani punika.
Nyi Saraya        : Wei lha kok ya elok tenan nggih Mas... kembar mayang punika.....
Ki Saraya Jati  : Ssssttt…. aja seru-seru ta
Nyi Saraya        : Lho lha sebab napa
Ki Saraya Jati  : Ya saru ta Jeng....
Ki Saraya Jati  : Kyai nuwun sewu menawi kepareng kula mangertos yektosipun Wit Kalpataru Jayandaru Dewandaru punika asalipun saking pundi Ian sebab punapa kok punika mapan ing ing Kayangan ?
Ki Warsita Jati : He he he he inggih-inggih Angger..... waleh-waleh punapa Kalpataru Dewandaru Jayandaru punika asal saking Kayangan. Lha kayangan ing ngriki sinebat Kayanganing Kayun... tegesipun gegebenganing tekat Ian pikajengan... Dene wontenipun puspita adi punika yektos namung nedhak pusaka kayangan Suralaya, ingkang rumiyin katanem dening Sang Hyang Girinata. Mila sinebat Kalpataru Dewandaru punika golonganing Wreksa utawi waringin, Dewa saking woding tembung Div tegesipun cahya, ndaru mawa teges sorot. Jlentrehipun Kalpataru Dewandaru punika gegayuhan dhumateng sriatmaja pinanganten kekalih, ing tembe sageda dados pengayomaning kulawarga Ian bebrayan, sokur bage dados sorot pepajar dateng bebrayan agung.
Ki Saraya Jati  : Hemmm lha lajeng Kalpataru Jayandaru
Ki Warsita Jati : Kalpataru sampun mastani jaya punika menang, ndaru punika sorot. Tegesipun sriatmaja penganten kekalih dipun gadhang dening para sepuh sageda dados pengayoman ingkang tansah mbekta kamenangan.... liripun kamenangan ing panggesanganipun kulawarga ingkang kebak kabahagyan, kesarasan, Ian kemakmuran, Mila saderengipun Andika rawuh sekar sampun tumurun, sabab kula namung dados srana ngampil gaibing Pangeran ngandhapaken puspita adi den-edening pawiwahan dhaupipun Nimas Rini Pujiastuty, SE dalah Nakmas Bagus Danang Lungittingtyas, S.Sn.
Ki Saraya Jati  : O o o mekaten ta
Ki Warsita Jati : Mila menawi ing mangke kakersakaken kaampil, kula mboten kawratan, sasampunipun paripurna mboten perlu kausung minggah ing Sidadadi, cekap kabucal ing madyaning delanggung catur.
Ki Saraya Jati  : Kyai nuwun sewu.... puspita mboten perlu kawangsulaken nanging cekap kabucal ing Delanggung Catur, punika kersanipun kados pundi ?
Ki Warsita Jati : Delanggung punika dalan, catur punika sekawan tegesipun wonten prapataning margi
Ki Saraya Jati  : O o o o.........hem Dhiajeng wah...wah awake dhewe ki jian kebeneran banget bisa sowan sang ayogi.....
Nyi Saraya        : Lha injih nanging Penjenengan lak ya ra njut A O A O kados  ngoteniku. Lha kula lak inggih dadi isin ta
Ki Saraya Jati  : Alah.... lha ya emen ta karang awake dhewe ki ya isih cubluk tenan kok.... Inggih Kyai..... purwa, madya wasana samendhang mboten karempit anggen kula nampeni pangandikaning sang resi, mila keparenga puspita adi tumunten kula boyong ing Surakarta Ki...
Ki Warsita Jati : Inggih-inggih Angger nyumanggaaken mugi tansah jinangkunga karahayon tindak andika kekalih.

(Kyai Ian Nyi Sarayajati mengker saking ngersaning Ki Warsita Jati mboyong kembarmayang kekalih. Kembar mayang kapundhut dening Hapsara catur tumurun saking Wukir Sidaharga).

Biwara
Para tamu ingkang mahambeg Budidarma, paripurna aturing Kyai Ian Nyai Saraya Jati sigra amboyong Puspita adi kekalih, sarana cipta eloking lelampahan Kembar Mayang Kalpataru Dewandaru Jayandaru uwal saking sasana kapundhi dening para hapsara catur. Lon-Ionan denya lumampah duta kekalih mandhap saking Wukir Sidaharga, pindha sumiliring Samirana.

Mungel Ketawang Ilir-ilir Pelog Nem sumiring tedhaking kembar mayang



 
TIM DRAMA KONTEMPORER
TUMEDHAKING KEMBAR MAYANG

1.    Produser                                  :  Sidiq Iryawan, Amd.Komp.
2.    Sutradara                                 : M.Dm. Edy Sulistyono, S.Sn
      Ass. Sutradara                        : Drs. Redi Anggitomo
3.    Ide Cerita / Skenario               : M.Dm. Edy Sulistyono, S.Sn
4.    Penyunting Naskah                  : Sidiq Iryawan
5.    Penata Panggung + Lighting     :  Taufik & Tri Wahyono
6.    Penata Rias + Kostum             :  Tiwuk
7.    Penata Suara / Iringan              :  Gendro & Sarmadi
8.    Kameramen                             :
9.    Sie Latihan                              : Baseri
                                                      Mulyan Suhadi
10. Sie Konsumsi                          : Lestari


PEMAIN
1.     Ki Pamengku Gati          :  Baseri
2.     Nyi Pamengku Gati       :  Lestari
3.     Ki Saraya Jati                  :  Sutardi
4.     Nyi Saraya Jati                :  Novi Nurhidayah
5.     Ki Warsita Jati                 :  Sidiq Iryawan
6.     Cantrik Sabto                  :  Hari Siswanto
7.     Cantrik Catur                   :  Mulyan Suhadi
8.     Widodari                          : Ririn Puri Handayani,
                                                 Galuh Fitria
9.     Widodara                         :  Wahyu Budi Nugraha,
                                                 Pilipus Heru
10.  Penganten Putri             :  Nora Pratiwi