KALPATARU DEWANDARU JAYANDARU
Purwaka
PANGKUR PURWA WIWAHA
3 5 553 333
Mur wa ka ni
Ha
di ca ra
3 5 5 56 1
1 1 2 3 3 21
A mra na ta
ing reh lak sa na ti ti
5 6 1
1 1 1
1 12
A nges thi Bu da ya lu hung
1 6 5 5 5 5 45
Wus ma nung gal sa ji
wa
3 5 5 56 1
1 1 1
1 2 3
3
Mrih les ta ri
se so tya ning bang sa a gung
1 1 1 1 1 1 1 1
Nu san ta ra
a di mul ya
1 2 3 1 2 3 3
21
Kun ca ra han ja yeng Bu mi
Murwakani
kandha wedharing Kang Kalpataru Dewandaru Jayandaru, datan kadi ingkang wonten
wiwahan agung pidaleming KRT Husada Pura, lenggahing pamengku gati sinubagya
Ladrang Santi Mulya Pelog Nem, sumangga nun
Mungel Ldr. Santimulya Pl. Nem
Saput
mendhung belah mega katon ngegla hamalela. Punika ta warnanira gumelaring
sasana daleming KRT Husada Pura kang nedheng hamengku gati, gatining karsa
mbiwadha putra mahargya siwipun hanenggih Retnaning Dyah Rini Pudyastuty SE.
Dhasar priyagung sembada ing samukawis, lebda saliring kawruh dhasar kasinungan
wirya harta wasis, wiyaring sesrawungan datanpa winates marma dupi hamengku
gati, beg……. andher ambelabar sasat samodra muntah dhedharatan rawuhing sanggya
para tamu.
Samana
KRT Husada Pura dalah garwa lenggah ing dalem rinengga, nimbali putra sriatmaja
pinanganten putri kang nedheng moga ing karsa kepengin anyandhing puspita elok
alangka, puspa adi mancawarna, ya kang kasebut Kembar mayang Kalpataru
Dewandaru Jayandaru, saking jibeging manah gya nyaketaken pilenggahe rayi
kinasih, Bapa Redi Anggitama.S.Sn, Makaten panambramaning kang hamengku gati :
Ginem
Ki
Pamengku Gati : Dhi mangga kasekacakna
lenggahipun,
Ki
Saraya Jati : Nuwuninggih matur nuwun Kangmas
Ki Pamengku
Gati : Ngaturi
kawilujengan rawuhipun Adhimas sekaiian ing pawiwahan punika Dhi
Ki
Saraya Jati : Nuwuninggih Kangmas, awit
pangestunipun Kangmas saha Mbakyu, sowan kula wilujeng, semanten ugi Mbakyu
saha Kangmas tansah wilujeng ta?
Ki Pamengku
Gati : Iya Dhi pamujimu
Nyi
Pamengku Gati : Pun sekecakaken Iho Nyai
Nyai
Saraya Jati : Inggih-inggih Mbakyu,
pangestunipun tansah wilujeng.
Ki
Pamengku Gati : Kejaba kang wis padha
dirembuk iki Dhimas.... rada adreng pangarep-arepku ngenteni rawuhmu.
Ki
Saraya Jati : Wah kula nggih radi
dheg-dhegan he Kangmas, rak ya ngono ta Nyi
Nyai
Saraya Jati : Inggih Kyai kula ugi
ngantos kumrungsung anggen kula sowan ngriki
Ki
Pamengku Gati : Priye Bune sing matur aku
apa Sliramu
Nyi
Pamengku Gati : Ha injih Penjenengan
kemawon sing wijang pangandikane.
Ki
Pamengku Gati : Ngene Iho Dhi ndungkap bakal
dhaupe pulunanmu Rini karo Danang iki ana prekara sithik kang dadi ganjelan,
sabab Rini gelem diwiwaha yen dhaupe mengko direnggani puspita adi mancawarna,
wujud kembar mayang, dudu kembar mayang lumrah ananging putramu nyuwun kembar
mayang Kalpataru Dewandaru Jayandaru. Lha iki terus piye Ta Dhimas...... nganti
judheg aku....
Ki
Saraya Jati : Hem... hem.... ngaten Kangmas, capet-capet kula mireng.... Kembar mayang ingkang dipun suwun Gendhuk Rini
punika mboten dhapur dedongengan nanging pancen nyata wonten salebeting panggesangan.
Anut keterangan ingkang sampun kula pireng saking para lebda... kembar mayang
Kalpataru Dewandaru Jayandaru punika mapanipun ing Kayangan Suralaya...
Ki
Pamengku Gati : Horoto Dhi... Penjenengan ki
lak ora gegujengan ta.... lha sing diarani Kayangan Suralaya niku lak mung
nggon crita wayang kulit ta ?
Nyi
Pamengku Gati : Enggih he Mas lha terus
pripun Ihe nggoleki yen niku wujude namung gotek?
Ki
Pamengku Gati : Wah kojorane...aja sembrana lho
Dhi apa ya klakon bakal wurung nggonku mantu yen kudu munggah Kayangan.... lagi
munggah tingkat ndhuwur kono we wis menggeh-menggeh je ..
Ki
Saraya Jati : Ngaten Iho Kangmas
nuwun sewu pancen bab punika kepara leres, Kembar mayang punika asalipun saking
kayangan nanging sapunika wonten titah ingkang kepareng ngampil gaibing
pengeran nama Ki Wasita Jati ingkang mapan ing Padhepokan Sidadadi, prenah
ereng-erenging Gunung Sidaharga.... tur kula inggih mboten ngayawara.... mila
menawi wonten keparengipun kula nyuwun pamit badhe ngupadi rerenggan punika....
tahunana windonana mboten sumedya wangsul menawi mboten mundhi sekar punika
Ki
Pamengku Gati : We.... lha kok maiah kaya
Ketoprak Balekambang wae ta Dhi....
Ki
Saraya Jati : Lha dos pundi melih
wonten prekawis ngaten kok Mas.
Ki
Pamengku Gati : Hem...iyoh...iyoh... Bune ki
piye ta kok mung ndomblong wae... lak iya tamune disugata ta Bune....
Nyi
Pamengku Gati : Weei inggih nggih Kangmas kula
ngantos kamitenggengan...wong nggih nges sanget ngaten... kersanipun ngunjuk
menapa?
Ki Pamengku
Gati : Ya wis ngunjuk teh wae, ngiras timbalana anakmu si Rini
Nyi
Pamengku Gati : Nggih ngestokaken
dhawuh... pun sekecakaken rumiyin Iho Dhi kula tak mengker sekedhap
(Ki Saraya Jati Ian garwa mangsuli meh bareng)
mangga-mangga Mbakyu....
Tindakipun Nyai Husadapura kahiring Pathethan Jugag
Sl. Manyura
1 1 1
1 1 1 1 1
1 1 1 61
Lir sad pa deng
sun tu mi ling
a ngu la ti
6 12 2 2 2 2 2 2 2 2
12 321.216
Pus pi ta
me dem en dah kang war ni oo….
1 1 1 1
1 1 1 1 1
1
1 61
Mi de ring Ta man a non
se kar war si ki
2 2 2
2 12 6 6 6 6 6 61 653
Ku me nyut
ing tyas ba ya ta ja tu
kra ma
NARASI
Mengker saking
pangayunaning raka Kanjeng Raden Tumenggung Husada Pura, Nyai menggung
daya-daya nimbali putra kinasih Sriatmaja penganten putri. Dhasar putri
linuhung ndungkap akhir diwasa punjul ing wami rinengga busana, marma sang ayu
sowan ing ngarsane Kang Rama asemu gupuh repe-repepeh kaya sata manggih krama.
(Pinanganten
putri sowan lenggah sangajenging Rama Ibu nuli kadhawuhan Pamengku Gati kanthi
Sekar Palaran Gambuh Suryadarsanan Sl. Manyura.)
2
2 2
1 1 26
216
Dhuh ku lup pu tra ning sun
3 3
35
32 2 2 1
1 216 6
Ywa su me lang ka se dya ning ka yun
Ywa su me lang ka se dya ning ka yun
2 1 2 3532 2 3 5 5 53 2356.165 12 165
Pa nyu wun mu kem bar ma yang li nu hung Di
2 2 2
2 2 1
2 3532
Ing mang ke Ing sun wus we ruh
2 3 5
5 53 2356
35 32
Da tan su me lang nging ke whoh
PENGANTEN PUTRI
(Penganten putri matur mawi Palaran Pocung Sumirat Sl. Manyura)
3 3 5 6 2 3 1
2 6 6
5 3
Ra ma i bu
nga tu ra
ken gung pa nu wun
6 1 2 2 3 12
Wus a kar ya su ka
6 3
3
3 1 1
12 16
Nggen ku la ba dhe
ne te pi
6 1 2 3
2 2 16 6 1 3 1 2
Ka su dar man mang ka je
je ring wa no dya
Ki
Pamengku Gati : Dhi gandheng kabeh wis padha
cetha Ian nglenggana, mbesuk ngenteni apa nuli Penjenengan sakloron dak
tundhung ngupadi abon-aboning pahargyan Kembar mayang Kalpataru Dewandaru
Jayandaru.
Ki Saraya
Jati : Nuwun inggih Kangmas
menawi mekaten kula kekalih nyuwun tambahing pangestu tumunten bidhal ngayahi
damel
Ki
Pamengku Gati : lya-iya Dhi sing prayitna
ngati-ati
Nyi
Pamengku gati : Dhimas sekalian
ndherekaken sugeng tindakan nggih
Ki
Saraya Jati Sekalian (Inggih-inggih
mbakyu)
BIWARA
Mengker saking ngarsaning
sang pamengku gati, Ki Saraya Jati Ian garwanipun kekanthen asta, wirandhungan
tindakipun, lir taksaka kapidak pethite satindak mangu satindak kendel amung
tansah ngulati bot rawe rerengganing tetuwuhan samargi-margi.
Wauta samana tindaking
priyagung kekalih wus ndungkap tepining wukir Sidaharga, kathah tetuwuhan
sinawung sesekaran kaya-kaya mangayubagya kang andon lampah.
Mungel Ketawang Subakastawa Pelog Nem, sasampunipun gending
sagongan, kenong sepisan sirep
Pambiwara
nunten nyandra
1. Ana sesotya coplok saking embanan marma winastan
mangkono ana
kusuma nedheng lelanabrata ngupadi sarananing palakrama,
kusuma nedheng lelanabrata ngupadi sarananing palakrama,
NG
2. Sapa tambuh sapa weruh tuhu punika Ki Saraya Jati
dalah garwa.
R Ny
S
3. Dhasar priyagung sembada biiaksana mumpuni saliring
kawruh
R
4. Marma grenietina prana, kumlawening asta. jumangkahing
suku. anagung
ginalih kanthi mateng,
ginalih kanthi mateng,
R
katiti kongsi premati
kapetung ywa kongsi mangqih buntung.
NY NJ
NY NJ
5. Samana tindake sang andon lampah wus dumuqi sukuning
Gunung
Sidaharga,
Sidaharga,
NY
6. Tindake
manghayat marga, grigiting ancata gigiring prawata,
R
marma sengkang - sengkang
sumengka ironing galih,
NJ
7. Brool kang riwe hadres kaya dineres,
NJ
8. Binarung sumuking swasana panase kaworan mendhung, mendhung
tumiyung lengkehing gunung,
tumiyung lengkehing gunung,
R
9. Marma lungkrah kang sarira makaten wijiling
pangandikan
NY
Nyi Saraya Jati : Mas kok hawane sumuk banget ta...
Ki Saraya Jati : Lha iya sumuk ta Jeng hawong hawane panas... rasane
nganti kaya mlethek-mlethekke bathuk ngene kok
Nyi Saraya Jati : Wah suku kula niki rasane nggih mpun keju
kabeh...he
Ki Saraya Jati : Hem yoh..... yen ngono ayo ngeyub leren dhisik
Nyi Saraya jati : Nggih mangga
Nyi Saraya Jati : Kula niki gumun Iho Mas rumaos kula
pranata mangsa sapunika kok mboten ajeg.... mangsa ketiga nggih nggejeh jawah...
yen pinuju mangsa rendheng malah ngerak larang toya mboten kados riyin nggih
Ki Saraya Jati : Lha ya iki sing jenenge Global Warming
Nyi Saraya Jati : Menapa menika Gombale Parmin
Ki Saraya Jati : Piye ta iki... mbok ya sing rada maju ta
Jeng.... Global Warming. Basane saiki pemanasan Global.... tegese amarga
kedayan rusaking jagat ndayani suda berkah Ian eyubing kahanan dadi hawa kang
sumuk gerah panas kaya ngene iki....
Nyi Saraya Jati : Weee kula kinten gombale Parmin
Ki Saraya Jati : Weee Gombale Parmin.... lha ngapa kok Parmin
nggawa gombal ?
Nyi Saraya Jati : Rumaos kula mboten namung alam, kalebet
ugi para titah manungsa punika ugi kraos sumuk manahipun.... he
Ki Saraya Jati : Lha iya sumuking atining manungsa iku mau kang
nyababake rusaking alam... coba dipenggalih
Nyi Sarayaj Ati : Mengke riyin Kangmas.... sabab punapa manungsa
sumuk manahipun?
Ki Saraya Jati : Sabab wis padha koncatan rasa budaya, sabab
kengguh budaya manca wekasan ora krasa kabeh padha kerut lan larut marang tata
panguripan kang cengkah lawan Budaya Jawa.
Coba yen padha gelem urip satataning budaya kang nengenake Budi luhur, Khusuk
ing panembah nengenake rasa kamanungsan, tepa salira, mad sinamadan Ian asah
asih asuh. O... Jagat iki bakal tentrem
Dhiajeng... lhasaiki lak ora.... Uripe manungsa sarwa ngangsa ngethawa
puwa-puwa..... kabeh padha kepengin menang .... kabeh padha kepengin sugih
brana.... wekasane akeh kang padha ngalalake sewu cara mbuh kalal apa karam,
kang baku bisa nekaake pametu.... alam diwisesa sakepenake dhewe...... kali-kali
dijemberi..... alas gunung dibabati.... adeg pabrik-pabrik produktivitas kang
ora nganggo tetimbangan lestarining alam apa akibate... alas dadi gundhul..... kali-kali
kebak limbah buthek letrek kontaminasi karo zat kimia kang mbebayani tumrap
ekosistim.... akeh buron alas buron banyu kang mati Ian punah, nekaake musibah
banjir bandhang.... gempa tsunami..... yen wis ngono para manungsa, aku kowe
wong cilik... rakyat awam kang ora ngerti dhodhok selehing prekara.... padha
kesempyok aradan..... ketrajang musibah
Nyi Saraya Jati : Wah inggih nggih Kangmas kados ingkang
dumadi ing Wasior Papua, Mentawai Ian Merapi menika nggih nggegirisi sanget kok
Ki Saraya Jati : Haiya...... coba yen urip samadya prasaja sabar
nrima kaya piwulang luhur lak ora kaya mengkene kedadeyane. Wiwit kuna makuna
mbiyen wis ana tradisi Pitreyatna.... tegese memetri marang alam, upamane
tradisi metri desa, labuan ing pesisir, labuhan ing Lawu utawa Merapi..... jroning
tatacara mau wong Jawa unjuk pandonga marang Gusti nganggo prabot sesaji karepe
unjuk panuwun marang Gusti dene wus peparing manfaat kang gedhe marang anane Gunung,
Alas, Kali, Segara Ian sapiturute.
Nyi Saraya Jati : O... ngaten ta Kangmas lha kula wastani
menawi punika nyembah dateng ingkang mbaureksa gunung menapa dene lepen punika
Ki Saraya Jati : O... ora babar pisan ora ... hikmah surasaning
piwulang kanthi anane tradisi memetri iku mau yaiku ayo padha nglestarekke
alam... dijaga suturing gunung... resiking banyu kali resiking segara...sebab
kabeh mau gedhe daya pigunane tumrap manungsa Suburing alas Ian gunung weweh
daya anane sumber banyu kang resik hawa kang seger.... Resiking kali weweh daya
dadi ilen-ilen tumrap suburing tetanduran ing sawah Ian resiking banyu segara
kejaba dadi penguripaning iwak buron banyu... uga maweh daya rancaging olah
lelayaran. Kabeh mau bakal bisa mujudake tentreming penguripan, rancaking rodha
ekonomi Ian seger adheming swasana penguripan
Nyi Saraya Jati : Waah.... waah mboten nginten Penjenengan
ki kok olehe gancar jlentheh banget....
Ki saraya jati : Waah kandhani kok..... aku yen ka ngene ki
rumangsaku jiaaan embuh kok....
Nyi Saraya Jati : Alaaaa terus G R ... mbagusi....
Ki Saraya Jati : E Iho sing Sliramu marai katut aku ki lak ya
bagusku iki
Nyi Saraya Jati : Alaaa ... jabangbayik
Ki Saraya Jati : Wis Jeng gandheng wis rada sawetara Ian rada
aso ayoh neruske laku. Kaelho sawangen ana sawijining gumuk kang ereng-erenge
rata, winangun padhepokan.... yen ora kleru kae sinebut Padhepokan Sidaharga. Hayoh
sowan ingarsane sang wiku... sapa ngerti lakune awake dhewe iki enggal antuk
pepadhang.
Nyi Saraya Jati : Mangga Kangmas.
ADEGAN ING PAREGOLAN
PADEPOKAN SIDA DADI
(Cantrik Sabta Ian Catur
jagi regol sinambi nembang Ian sesendhonan. Cantrik Sabta Nembang Dandhanggula
Slendro Manyura nunten kadhatengan Catur).
3 6
1 1 1 2 3 3 3 3
La mun Si ra ang ge gu ru Ka ki
3 3 1
21 1 1
1 1 1
1
A mi li
a ma nung sa kang nya ta
6 1 1
1 1 1
12 16
Ing kang be cik mar ta ba te
1 1
3
2 1 1
61
Sar ta kang wruh ing Ku kum
6 6 3 3 6 1 21 2 321
Kang ngi ba dah la wan wi ra'
i
1
1 2 2 2
2
2
So kur o leh wong ta pa
1
6 1 1 12 16
Ing kang wus a mung kul
6 1
2 3 3 3 3
3
Tan
mi kir pa we we hing lyan
6
5 3
21 1 1
1 1 1
2 3 3
I
ku pan tes Si ra gu ro na na Ka ki
6 1 2 1 3
2 12
Sar ta ne ka wruh ha na.
Sabta : Weiih Kang Catur... ana apa
Kang kok dulat-dulit .....
Catur : Ora, aku ki mung nggumun karo
swaramu sing ulem tur turut-turut usuk...
Sabta : Waaa ora ngalembana.....ora
duwe dhuwit receh....
Catur : Kosik ta Dhi mbok leren
dhisik nyambut gawe kok Ie mempeng banget kaya ora duwe kesel
Sabta : Lho ngene Iho Kang aku ki
ngrumangsani cantrik sing isih anyar ana Padhepokan Sidaharga kene... mangka aku
kepengin meguru Ki Ageng Wasitajati, kepengin antuk tuntunaning urip kanggo
uripku ing tembe, mula lak iya aku kudu sregep ta.....
Catur : Wah...wah elok tenan Kowe
kuwi dhi.......gumunku ngene Iho, ing atase Kowe kuwi isih taruna.....isih ABG
kok tekun ngudi ngelmu kasepuhan Ian kabudayan....iki mengko yen wis entuk njur
kanggo apa ?
Sabta : E Iho Penjenengan ki
Kepriye ta..... wong kawruh Ian ngelmu kok kanggo apa, ya dianggo werna-werna,
dianggo sesrawungan.... dianggo watonan makarti, yen perlu dinggo makarya......
Catur : Hem he he he he......Wah....wah....Kowe
ki nyata nyata bathok bolu isi madu tenan...... ngene Iho akhir-akhir iki akeh
kanoman kang padha gandrung marang budaya manca ngemohi budayane dhewe..... sabab
werna-werna pawadane..... ana kang ngarani budaya Jawa iku kuna ketinggalan
jaman, kaping pindhone..... budaya Jawa iku ora
marketable.....ora madolke....coba yen ana isyu ka ngono kuwi
priye.......
Sabta : Weii ngono…. he he he ha ha ha
ha
Catur : Lho dijak rembugan wong tuwa
kok malah jegegesan.......
Sabta : kuwi ki malah pinemu sing
keri..... isyu ka ngono kuwi isyu.... sing ketinggalan jaman mretandhani wong kang
ora sastra Ian mbudaya..... coba Penjenengan penggalih, budaya Jawa kuwi duwe
bobot kang Edi luhung...... Edi kuwi endah, luhung kuwi luhur. Dadi budaya Jawa
kuwi mujudake awoh budi dayaning manungsa kang endah yen sinawang, laras yen
rinungu nanging uga momot piwulang urip kang jero Ian utama......... Iho apa
ora nggegirisi ka ngono kuwi....... Saka kawruh budaya iki kejaba bakal bisa
nuntun marang alusing budi pekerti, uga bisa kanggo makarya ngupa jiwa
Catur : Contone nyambut gawe apa
Dhi
Sabta : E Iho akeh ta..... ahli
budaya iku bisa dadi penulis sastra Jawa, bisa dadi guru ing sekolah-sekolah...
bisa dadi pengrawit.... bisa dadi dalang...
Catur : Dalang apa kuwi
Sabta : Dalang Wayang bisa, dalang
nganten ya bisa banget....
Catur : Hemmm dalang nganten ki
sing kaya ngapata... Opo sing diarani Progeyol kaeta?
Sabta : O.. ala Kang dudu
Progeyol ning Protokol utawa Master of Ceremoni Iho apa ora ngene..... (jempol)
Catur : Wah wah..... iya ya Dhi
tiwas aku cilik ati jebul ahli kabudayan ki piguna banget marang
panguripan......
Sabta : Priye ta Kang teneh awake
dhewe ki yen ora bisa ngejeni marang budayane dhewe bakal diarani manungsa kang
keblinger... sebab wong njaban rangkah we padha ngregani njunjung budayane
awake dhewe lha kok malah awake dhewe padha mindher. Coba Penjenengan
penggalih..... saiki wayang karo keris wis entuk pakurmatan minangka mahakarya
dunia Wiwit Tahun 2007..... Wayang kuwi wis diikrarke Mahakaryaning jagat
Kang...... malah kang paling spektakuler ana Profesor loro kang nyebut manawa
Nusantara utawa Tanah Jawa iki asal sumbering peradaban donya... yaiku Profesor
Arysio Santos saka Tanah Brasil Ian Profesor Stepen... AS.. Iho apa ora
ngene.....(Jempol)
Catur : Wadoouhw Dhi iki jenenge
kebo nusu gudel...... wong tuwa kudu ngangsu kawruh marang bocah enom sebab
saka cubluking nalarku.....
(Catur lan Sabta lajeng wicanten kaliyan
tembang Witing Klapa)
. . . . 6 2 6 3
5 3 6 5 6 3
2 1
Heh a dhi ku nga tu ra ke geng pa nu wun
. . . . 6 1
2 3 . 5 .
6 .
2 1 6
We weh ngel mu
mring wong cu
bluk
. . 5 3
2 6 . . 1
1 1 2
6 5
3 1
Dhuh Ka kang ku Ja
di ang gep mu lang mu ruk
. 3 . 2 . 6 . 3
. 6
. 5 . 3 . 2
i
ki mung mad si
na ma dan
(KI Saraya Ian garwa uluk sa/am)
Kulanuwun........
Catur : O… Mangga.....nuwun sewu Nan
ndalem punika sinten saking pundi sarta kagungan kersa punapa.....?
Ki Saraya Jati : Ngaten Ki.......kula lan
bojo kulu punika saking Surakarta ....nami kula Saraya jati....tebih dumugi
ngriki badhe sowan ing ngarsane Ki Gedhe Wasita Jati
ing Ereng-erenging wukir Sida Harga ngriki......
Catur : Weiih ndaradasihi..... nembe kemawon kula
kautus medal ing pacrabakan kautus mapak tamu.... mila mangga kula dherekaken
minggah
Ki
Saraya Jati : O... matur nuwun mangga-mangga
ADEGAN di PADEPOKAN
SIDAHARGA
Hapsara kalih ngandhapaken
Kalpataru Dewandaru Jayandaru, tinampi Ki Ageng Warsita Jati nunten kapapakaken ing
sasana rinengga. Ki Ageng nunten nampeni
rawuhing tamu sekatian ingkang kalantaraken dening cantrik.
Tumuruning Kalpataru saking
Kayangan kahiring Kidung Pangruwat dening para hapsara 4.
. 6 . 3
2 1 6 1 . 6 . 5 6 1 2 6
Pu ji a
se san ty Se san
ti ra ha yu
. 6 .
3 2 1 6 1
. 6 .
5 6 1 2 6
Pu ji
a
se san ty Se san
ti ra ha yu
. 6 . 6
. 1 2
6 . 2 . 1 2
3 5 2
He
ning ma we ning khu suk ing
pa mu ji
. 1 2 2 . 6 53 2
. 6 . 2
3 3 25 3
Ra ha
yu Ra ha yu Ra ha
yu Nis ka la
. 2 1 1 .
6 12 1
. 6 . 5
6 1 2 6
Ti ne bih ru be da Ra
ha yu nir ma la
CANDRA
Sumilak kang ampak-ampak
sumela kang mega-mega. Ana ndaru cumalorot saking awang-awang, ngenguwung
anyadalanang, dhumawah ing madyaning padhepokan, tuhu punika nugrahaning Hyang
Maha Agung Kayu Kalpataru Dewandaru Jayandaru. Sumunartan amblerengi ngebegi
padhepokan kaya kluwung kembar tumurun ing Bumi. Sintenta kang nedheng atarak brata,
maladihening ing kono hanenggih Kyai Warsitajati..... kaprah sinebat Ki Ageng
Wasitajati. Dhasar janma pambegan brahmana mumpuni saliring guna pangawikan,
putus saliring tapa brata kedhep panembahe mring Gusti Kang Maha Agung mboten
mokal lamun wus kataman Wahyu Dyatmika, heneng heninging kalbu mustikaning
kawicaksanan. Dupi wus kakenan nugraha agung tumuruning Kalpataru Dewandaru
Jayandaru, ngangglungaken jangga nguncupaken asta tan kendhat denya muji shokur
ing ngarsa dalem Gusti Allah kang Maha Agung. Samana wudhar denya tapak semedi awit
sowaning cantrik kinasih ndherekaken duta Kyai Ian Nyai Saraya Jati.
GINEM
Ki
Saraya Jati : Amit pasangaliman tabe tinebihna ing tolakmanu dhumawaha
tawang-towang dadosa tulaksarik, Nuwun Kyai… mugi sewu dedosan kepareng paring pangaksami,
dene kula sumalonong cumanthaka sowan ing ngarsa Penjenengan.
Ki
Warsita Jati : Nuwuninggih Angger .... salam amit Penjenengan kula tampi, mugi
Hyang Purba tansah paring haksama Ian pengayoman. Nuwun keparenga kula nyuwun
priksa, Adhi sekaliyan punika saking pundi Ian mengku kersa punapa dene
nginggahi padepokan kula ingkang mapan ing ereng-erenging wukir punika Dhi…..?
Ki
Saraya Jati : Inggih Kyai, waleh-waleh punapa... kula pun Saraya Jati Ian punika
bojo kula, wingking saking Surakarta. Wangsul punapa lares Penjenengan punika ingkang
peparap Kyai Warsita Jati ?
Ki
Warsita Jati : O inggih leres Ngger, kula pun Warsita Jati, dene dhepok kula
punika Padepokan Sidadadi, ing ereng-erenging Sidaharga. Lajeng wonten perlu punapa
dene keraya-raya rawuh ing sudhung kula ?
Ki
Saraya Jati : Nuwun sewu Kyai, sowan kula kautus kadang kula sepuh KRT Husada
Pura, kinen ngupadi panyuwunanipun calon sriatmaja pinanganten putri. Retno
Puji Astuti, anggenipun binojakrami kepengin dipun renggani Puspita adi
Kalpataru Dewandaru Jayandaru. Anut tembang rawat-rawat ujaring mbok bakulkang sinambewara...
bilih ingkang mangertos saha kagungan rerenggan punika Kyai Warsita Jati,
punapa kepareng puspita adi punika kula ampil, saparipurnaning wiwahan badhe
kula wangsulaken ing ngarsa Penjenengan.
Ki
Warsita Jati : Hem nuwuninggih Adhi... yektosipun leres pengendika Penjenengan.....
kalaresan rerenggan punika sampun tumurun saking kayangan, inggih kados ingkang
Penjenengan priksani punika.
Nyi Saraya : Wei lha kok ya elok tenan nggih Mas... kembar
mayang punika.....
Ki
Saraya Jati : Ssssttt…. aja seru-seru ta
Nyi Saraya : Lho
lha sebab napa
Ki
Saraya Jati : Ya saru ta Jeng....
Ki
Saraya Jati : Kyai nuwun sewu menawi kepareng kula mangertos
yektosipun Wit Kalpataru Jayandaru Dewandaru punika asalipun saking pundi Ian
sebab punapa kok punika mapan ing ing Kayangan ?
Ki Warsita Jati : He
he he he inggih-inggih Angger..... waleh-waleh punapa Kalpataru Dewandaru Jayandaru
punika asal saking Kayangan. Lha kayangan ing ngriki sinebat Kayanganing Kayun...
tegesipun gegebenganing tekat Ian pikajengan... Dene wontenipun puspita adi
punika yektos namung nedhak pusaka kayangan Suralaya, ingkang rumiyin katanem
dening Sang Hyang Girinata. Mila sinebat Kalpataru Dewandaru punika golonganing
Wreksa utawi waringin, Dewa saking woding tembung Div tegesipun cahya, ndaru
mawa teges sorot. Jlentrehipun Kalpataru Dewandaru punika gegayuhan dhumateng
sriatmaja pinanganten kekalih, ing tembe sageda dados pengayomaning kulawarga
Ian bebrayan, sokur bage dados sorot pepajar dateng bebrayan agung.
Ki Saraya Jati : Hemmm
lha lajeng Kalpataru Jayandaru
Ki
Warsita Jati : Kalpataru sampun mastani jaya punika menang, ndaru punika sorot. Tegesipun
sriatmaja penganten kekalih dipun gadhang dening para sepuh sageda dados pengayoman
ingkang tansah mbekta kamenangan.... liripun kamenangan ing panggesanganipun
kulawarga ingkang kebak kabahagyan, kesarasan, Ian kemakmuran, Mila
saderengipun Andika rawuh sekar sampun tumurun, sabab kula namung dados srana
ngampil gaibing Pangeran ngandhapaken puspita adi den-edening pawiwahan
dhaupipun Nimas Rini Pujiastuty, SE dalah Nakmas Bagus Danang Lungittingtyas,
S.Sn.
Ki Saraya Jati : O o
o mekaten ta
Ki Warsita Jati : Mila
menawi ing mangke kakersakaken kaampil, kula mboten kawratan, sasampunipun
paripurna mboten perlu kausung minggah ing Sidadadi, cekap kabucal ing
madyaning delanggung catur.
Ki Saraya Jati : Kyai
nuwun sewu.... puspita mboten perlu kawangsulaken nanging cekap kabucal ing
Delanggung Catur, punika kersanipun kados pundi ?
Ki Warsita Jati : Delanggung
punika dalan, catur punika sekawan tegesipun wonten prapataning margi
Ki
Saraya Jati : O o o o.........hem Dhiajeng wah...wah awake dhewe ki jian
kebeneran banget bisa sowan sang ayogi.....
Nyi
Saraya : Lha injih nanging Penjenengan lak ya ra njut A O A O kados ngoteniku. Lha
kula lak inggih dadi isin ta
Ki Saraya Jati : Alah....
lha ya emen ta karang awake dhewe ki ya isih cubluk tenan kok.... Inggih Kyai.....
purwa, madya wasana samendhang mboten karempit anggen kula nampeni
pangandikaning sang resi, mila keparenga puspita adi tumunten kula boyong ing
Surakarta Ki...
Ki
Warsita Jati : Inggih-inggih Angger nyumanggaaken mugi tansah jinangkunga
karahayon tindak andika kekalih.
(Kyai Ian Nyi Sarayajati mengker saking ngersaning Ki Warsita Jati mboyong
kembarmayang kekalih. Kembar mayang kapundhut dening Hapsara catur
tumurun saking Wukir Sidaharga).
Biwara
Para tamu ingkang mahambeg
Budidarma, paripurna aturing Kyai Ian Nyai Saraya Jati sigra amboyong Puspita
adi kekalih, sarana cipta eloking lelampahan Kembar Mayang Kalpataru Dewandaru
Jayandaru uwal saking sasana kapundhi dening para hapsara catur. Lon-Ionan
denya lumampah duta kekalih mandhap saking Wukir Sidaharga, pindha sumiliring
Samirana.
Mungel Ketawang Ilir-ilir Pelog
Nem sumiring tedhaking kembar mayang
TIM DRAMA KONTEMPORER
TUMEDHAKING KEMBAR MAYANG
1.
Produser : Sidiq Iryawan, Amd.Komp.
2.
Sutradara : M.Dm.
Edy Sulistyono, S.Sn
Ass. Sutradara : Drs.
Redi Anggitomo
3.
Ide Cerita / Skenario : M.Dm. Edy Sulistyono, S.Sn
4.
Penyunting Naskah : Sidiq Iryawan
5.
Penata Panggung + Lighting : Taufik
& Tri Wahyono
6.
Penata Rias + Kostum : Tiwuk
7.
Penata Suara / Iringan : Gendro
& Sarmadi
8.
Kameramen :
9.
Sie Latihan : Baseri
Mulyan Suhadi
10.
Sie Konsumsi : Lestari
PEMAIN
1.
Ki
Pamengku Gati : Baseri
2.
Nyi
Pamengku Gati : Lestari
3.
Ki
Saraya Jati : Sutardi
4.
Nyi
Saraya Jati : Novi Nurhidayah
5.
Ki Warsita Jati : Sidiq
Iryawan
6.
Cantrik
Sabto : Hari Siswanto
7.
Cantrik
Catur : Mulyan Suhadi
8.
Widodari :
Ririn Puri Handayani,
Galuh Fitria
9.
Widodara : Wahyu Budi Nugraha,
Pilipus
Heru
10. Penganten Putri : Nora Pratiwi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar